Aprilia_d.a

Aprilia_d.a

Minggu, 01 November 2015

pawarta basa jawa-Apresiasi Seni Teater Kolosal



Apresiasi Seni Teater Kolosal ingkang judhulipun “Rebutan Cupu Manik Hastha Gina” ingkang digelar wonten ing lapangan Paseban,Bantul,Yogyakarta dinten Setu, 24 Oktober 2015 kanthi diwiwiti jam 19.30 WIB menika salah sawijining apresiasi seni ingkang nyaritaake cerita wayang lan nampilake 270 personil seniman saking Yogyakarta. Apresiasi Seni Teater Kolosal menika ditonton kaliyan masyarakat, tamu undangan, lan pejabat-pejabat khususipun pejabat kabupaten Bantul.
Acara menika diwiwiti kanthi atur pambuka lan sambutan-sambutan.
Sambutan kapisan inggih menika saking ketua panitia, sambutan kapindho yaiku saking Sekertaris Bupati Bantul, Drs. Riyanto RSI ingkang macaaken sambutan tertulis saking Bupati Bantul, dilajengken sambutan saking Drs. Umar Paryana ingkang makili Gubernur DIY.
Acara menika digelar kanthi meriah lan di karepake supaya masyarakat tansah sutresna marang seni lan budaya daerah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar